cursor

Thursday 1 December 2016

cerkak




KEMAH MADYA BAKTHI
 

Sarilah Nur Azizah
XII Teknik Komputer Dan Jaringan
SMK NEGERI 2 KEDIRI



Dina jum’at bintang arep kemah madya bakti ing SMA Agustinus . Pasdina senen mari upacara ana panggilan kanggo bocah PMR kelas pitu, wolu, lan songo “napo kelas songo kok dipanggil barang yo”baten bintang, padahal kelas song owes gak wajib melu ekstra . Akhire bintang moro ing UKS.

Tibake enek pengumuman yen dina jum’atenek lomba nek SMA Agustinus. “kok ndadak ta pak  ” jare faisal “lha juklake tekane yo ndadak lo le ” jare pak yoghi .
“lha terus sinten pak sing ing kang melu lomba ? aku tumut mboten pak?” jare bintang.
Pak yoghi”awakmu melu nduk soale lombae ndadak ki ndok !”.
“emang sinten ae pak kang tumut ?” takone bintang .
“ seng melu rata – rata kelas songo karo cah pramuka” jawab pak yoghi .
Akhire pak yoghi milih bocah sing bakal melu lomba . yaiku bintang , nuril , alin , salsa , eka , septi, vionit iku sing peserta lomba setri yen sing lanang yaiku sholeh, arya , faisal , pinjer , albi , ragil , zidan ,lan septa . Latihane dimulai dino selasa pas mulih sekolah .

Akhire dino sing dienten – enteni teko yaiku dino jum’at budal ing sekolah an  jam setengah lima isuk . Bocah – bocah wes teka kabeh . terus kabeh kumpul ngurusi bang apa sing arep digawa . Tossa sing digawe ngeterne wes siap ing ngrep UKS. Kabeh barang – barang di usungi nek tossa , bocah – bocah wes siap mangkat , jam 8 lagek teka ing SMA Agustinus . pas iku ora eneh bocah sing tak kenal saka sekolahan liyane.

Ketua regu tiap sekolah di kenken kumpul ing sekertariatan , tibake di kenken njupuk ne kavling gae tenda . SMP 6 intok kavling nomer 6 karo 10 .
Akhire bocah – bocah moro ing nomer kavling sing wes di tentukake mau , bocah – bocah mbangun tenda nganti jam 11.00 .

Bocah – bocah saka SMP 6 pegel karo panitia liyane di rewangi mbangun tenda nanging SMP 6 di rewangi belas mulai awal nganti akhir . Panitia ngomong thok jarene yo ngewangi padahal gak ngewangi . Tapi gak nopo – nopo aku lan kanca – kanca ku pangah semangat mbangun tenda nganti rampung . Hawane panas  , sumuk , luwe campur dadi siji .

Jam loro awan panas kentang – kentang upacara pembukaan , telung puluh menit wajahe peserta lomba abang ireng kabeh . Pas sore udan deres akhire bocah – bocah di kon turu ing njero kelas . Cah lanang nek kelas ndhuwur yen cah wadon ing ngisor.
Pas bintang dolan nek kamare cah lanang , bintang di kageti marang cah lanang saka SMP 7 ,padahan deweke pengen ngageti kancane tapi maleh kenek bintang . Bitang kaget sebab lha deweke macak pocong lan disenteri sebab iku bintang njerit keweden .
Lan bintang nylatu deweke trus bintang delok ID card e wong iku mau”lha kok jeneng e pada aku bintang ”ucap bintang . Tekan kono bintang entok kanca anyar sing pertama lan jenenge pada karo bintang , lha bintang di pacuk – pacukne koro bocah – bocah.

Dina keloro nek kemah madya bakthi aku melu lomba – lomba yaiku lomba padus (paduan suara) ,pp (pertolongan pertama ) , lan pas bengi ana pensi (pentas seni) . Awan – awan pas lomba paduan suara bintang ndredek amergi bintang iku pertama kali melu paduan suara , padahal suarane bintang elek kayak ompreng ditutuki ngono di elokne paduan suara .

Ora disangka bintang lan kanca – kancane tampil dhisik dewe pisan nganti bintang ngnti bingung karepe dhewe . Untung paduan suarane cepet lan lancer . Gantian lomba pp utawi pertolongan pertama nanging sing lanang salah gawa bidai . Tapi ora apa – apa di gawe santai ae , digae seneng ae.

Untung pas nglewati halarintang lancer . tapi lomba pp (pertolongan pertama ) bareng karo cah ARPEGA (Arek SMP 3) . Bocah – bocahe ganteng – ganteng lan manisyen sing wadon ayu – ayu.
Bintang ngajak kenalan marang bocah sing disenengi yaiku bocah SMP 3 bocahe dhuwur , ireng , manis pisan nganti kesemsem bintang nyawang bocahe . Pas bocahe nyawang bintang , bintang dadi salah polahe lan guyu – guyu dewe .

Wayah bengi enek penyuluhan pertolongan pertama , bintang lunguh nek ngarep dewe lan bocahe yo lunguh nek sanding e bintang  , atine bintang ndredek lan dag dig duk , nanging gak suwe panitia ngengken bocahe pinbah pangonan nek mburi (bintang kroso pegel)

Pas balek saka penyuluhan buyar bintang nyanding bocahe . lha kok bintang ketemu maneh karo kembarane yaiku bintang , rasane yo gak penak neluk jenenge dhewe . Nanging ora apa –apa kenek digawe tambah – tambah kenalan konco hehehehe , yo yen ketemu mesti lok – lokan terus .
Ba’da isyak enek pentas seni saka saben regu . Pentas senine bocah saka SMP 3 ngetokake klotekan, nanging bedo karo SMP 7 . SMP 7 ngetokake tari tradisional , tari modern utawa basa inggrise dence lan children , sing melu children yaiku bintang lan koncone , ngesakne banget bintang arepe ceblok . Nanging sikile bintang kesleo pas ditakoni bintang bocahe gak apa – apa , pancen bocahe kuat (batine bintang )

Dina ketelu , yaiku dina panutupan acara kemah madya bakthi ana rasa senenge , ana rasa susahe , rasane kacampur dadi siji . Ing acara isuk iku kudu pada tangi jam telu isuk kanggo golek jedeng digawe adus .
Aduse rampung jam lima isuk sebab antrine dawa banget . Untunge wes mari aduse moro nek pak yoghi , gawe turu maneh sepuluh menit  .Trus di tangekake dikenken resik –resik  tenda . wes bar resek – resek ganti dikenken melu senam isuk kang suwine ana sak jam , mari senam mangan isuk, bar mari mangan isuk  ana penyuluhan maneh lunguhku sanding bintang SMP 7 . bintang lok – lokan terus karo bintang SMP 7 , deweke malih pindah nek sanding sholeh .
Bintang pegel di gepuk – gepuki terus koro sholeh awake bintang dadi lara kabeh lan bintang malih ngantuk . Lha pas bintang turu nek kursi , bintang digugak dikenken raup karo paniti dewek e yo malih isin .

Penyuluhane suwi nganti kabeh pada ngantuk gak kuat melek . mulih saka penyuluhanne wes buyar bintang sandingan manek karo bocah sing disenengi iku mau , bocah e iku yo guyu – guyu karo bintang , bintang malih tambah salah polahe koro bocahe.

Bar penyuluhan enek upacara panutupan , barisan regu ne bintang karo SMP 3 jejer dadi siji , seneng rasane bintang iso nyawang bocahe langsung .
Nanging SMP 7 adoh barisane saka SMP ne bintang dadi ora biso lok –lokan karo bintang SMP 7. Bar upacar panutupan ana pembacaan pemenang omba , SMP 6 entok juara telu sekolah terfaforit , seneng banget rasane aku .

Bar pembagian pemenang lomba SMP – SMP poto bareng , SMP 6 poto karo SMP 7 bareng dadi siji , sakiki SMP 6 lan SMP 7 gabung dadi grup anyar . Bar iku perpisahan , bintang intuk nomer hp ne bocah SMP 3 sing disenengi yaiku dimas lan intuk kanca anyar saka SMP 7 yaiku bintang kang jeneng e kembaran pada bintang e .